Latest News

Pengertian dan Contoh Parikan


 Hasil gambar untuk parikan

Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong ukara lan nduwèni purwakanthi ab-ab. Ukara sepisan  kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka isi. Parikan iku kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara. (Parikan adalah kata-kata yang dibentuk dari dua kalimat dan mempunyai sajak ab-ab. Kalimat yang pertama untuk menarik perhatian dan yang kedua adalah isinya. parikan hampir sama dengan pantun tetapi hanya dua baris.)

Tuladha Parikan : 
1. Manuk emprit, nucuk pari. Dadi murid sing taberi
2. Jemek-jemek gula jawa. Aja ngenyek padha kanca.
3. Manuk tuhu mencok pager. Yen sinau dadi pinter.
4. Wedang bubuk, tanpa gula.  Ja sok ngantuk gelis tuwa.
5. Wajik kletik, gula jawa. Luwih becik sing prasaja.
6. Wedang bubuk gula tebu. Mata ngantuk njaluk turu.
7. Kembang mlathi, warna peni ngganda wangi. Watak putri kudu titi lan ngati-ati.
8. Kembang kencur tinandur tepining sumur. Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur.
9. Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar. Lamun sabar bisa lejar serta bingar.
10. Esuk nakir sore nakir, sing ditakir godhong plasa. Esuk mikir sore mikir, sing dipikir ora kerasa.
11. Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula. Piwelingku mring pamudha, aja wedi ing rekasa.
12. Yen kembang kembang cempaka, dudu kembang arum dalu. Mumpung sira isih muda, den a sregep ngudi ilmu.

0 Response to "Pengertian dan Contoh Parikan"